Buk...!
Aku kelingan
rikala kepethuk wiwitan
Kaya wong kang
lagi kasmaran
Celuk-celuk ing
lamunan
Padha rumangsa
penasaran
Buk...!
Sapa ngira iki
dadi pratandha
Nyawijining jiwa
marang sukma
Endahing
rasa-pangrasa
Kaya muncate gunung
arjuna
Buk...!
Aja kok anggep
aku kancil
Sing senengane
mlayu ninggal upil
Thithil-thithil
nggawa cukil
Supaya bisa kasil
Buk...!
Aku mung butuh
siji
Prajanji kang
sejati
Wiwit saiki
nganti madhep ing gusti
Aku janji....!
Aku ora bakal
lali.
Surabaya, 28 Juli 2012
0 komentar:
Posting Komentar