This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Jumat, 30 Mei 2014

Mangrove


Gandheng runtung-runtung mencaki bumi pahlawan
Ing sisih lor segara surabaya aku nduweni crita
Crita dalan kang padhang
Crita kang reruntungan
Crita wernane dina

Mangrove panggon kang endah
Kebak rasa asih ing sadalan-dalan
Mangrove panggon kang tidhem
Kebak rasa ayem
Sesandhingan ing papan jembar
Mangrove bisa dadi crita
Para mudha kang lagi kebak rasa
Para mudha kang lagi andum rasa
Para kulawarga kang lagi ngebur rasa
Para siswi kang lagi nliti guna lan cara
Mangrove bisa dadi tamba
Mangrove ayo padha kita jaga lan kembangna
Supaya anak-putu bisa niru


Surabaya, 21 April 2014

22 taun


Dalan pancen ana lurus lan menggoke
Uga ana dalan kang buntu
Nanging dalan iki wis dakpilih
Pilih-pinilih nemu winih
Peteng wis ora wancine
Lampune wis katon abyor ing kiwa tengen
Pedhut-pedhut ing mburi uga padha luluh merga suminare
Isih 22 taun! Durung wancine sungkem ing bapa lan biyung
Durung wancine nata lan tata-tata merga sih butuh ditata
Dalan ing ngarep isih akeh pedhut
Durung jelas wujud lan maksud
Dalan ing ngarep uga bisa buntu yen ora ana rasa nrima, ngalah lan pasrah jroning dhadha
Dalanku dalanmu pancen isih durung ana jluntrung
Nanging dalanku-dalanmu bakal nuwuhake crita kang arum.
Insyaallah...

Surabaya, 21 April 2014

Critaku karo Si Ndul


Ndul, wiwit dina iku aku janji
Janji kang dakdasari jroning ati
Janji iku isih ngrembaka jroning dhadha
Kaya banyu segara kang isih tetep kebak
Ora bakal asat.
Ndul, banyune digawa angin
Kayata urip iki mung melu lakune angin
Aku pengin awakmu
Ya mung awakmu sing menehi werna ing sisa dinaku.
Ndul, wis setaun mlaku bareng
Maneka warna pacoban sing ndadekake trataban, tetangisan uga ndadekake ati kalaran.
Alhamdllh, bisa tangi saka ngipi sing rasane mung sawengi
Nyaponi reregedan sing tumemplek, dibilas wudlu saben manjing lan dedonga saben sujud
Gusti Allah menehi pepadhangan marang awake dhewe
Dalan ing ngarep wis jelas
Ngramut rasa sing ana
Didadekake nyata sujud bebarengan ing balaiwisma

Surabaya, 24 maret 2014

Bun ing Godhong Garing


Godhong-godhong padha alum
Banyu udane wis ora diendum
Diombe dhewe merga akeh kasiate
Apa ora krasa!!!
Anake kalunta-lunta
Ngalor-ngidul nadahi tumetese banyu bun
Rebutan!! Rebutan padha kewan
Rebutan!! Rebutan karo kewan
Kewane ora isa ilang
Sing penting mangan
Aja nganti kepangan
Asu gedhe sih tetep menang kerahe
Merga gedhe akeh kancane
Merga gedhe mangan kancane
            Sih ngrembaka nganti jaman samono
            Iki jaman ngedan
            Kapinteran dadi modhal
            Modhal kanggo nuku kajujuran
            Kajujuran mung payu sewu
Saiki wis padha pinter
Eman yen ora kanggo minteri!!!
hehe..... (ngedan).

Surabaya, 24 maret 2014

Lingsing wengi


Jumembare pagelaran kang kagelar
Ngutus pacobaning dhiri
Mlaku jroning dalane crita
Becik-ala ana karma
Abang biru pilihanmu
Pilih kang pinilih
Mekare kembang pratandha abang
Dadi dalan muncare panyawang
Iki pilihanmu
Iku critamu
Mung kari impen mangan duren
Aja leren!!!
Lingsire wengi bisa bali
Panyuwun suci marang gusti

Kalianak, maret 2013