This is default featured slide 1 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 2 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Jumat, 06 Juni 2014

Wacanen


Dakaturake kagem rama guru S. Bambang Purnama

Isih krungu nganti saiki
Bab kang dak kira ora pati guna
Ngebur dadi abyor
Padhang dalanku

Pikiranku saya tambah jembar
Srawung ora butung
Srawung bisa jluntrung

Maca solah, raga, busana lan rasa

Matur nuwun
Masia mung katon mampir ngombe
Ning banyune nyegeri
Ngilangi rasa ngelak
Kena digawe jaga-jaga
Kena dadi kanca donya
Kena dadi pathokan sinau baping kalbu

Surabaya, 07 Juni 2014

Kursi


Wis wancine?
Saben limang taun sepisan rebutan
Kok pritungan
Kudu bathi ing mburi
Nanging kok ora ana aji
Ngluruk saben awan
Cumenthel gambar pajangan
Iku jare kanggo dalan
Tulisan dadi suara
Bandha dadi raga
Mung sacuwil kertas iku
Dadi udhu
Dadi lamunan saben awan
Dadi impi saben wengi
Esuke ya tetep mangan pari
Ora mung siji sing lali
Lali marang endahing kahuripan
Anak bojo dadi nelangsa
Parane kulawarga ora tata
Morat-marit
Lamunan tanpa guna
Muspra!!!

Surabaya, 07 Juni 2014

Rabu, 04 Juni 2014

Gosok


Reged-reged memba Arjuna
Nememplek ndekepi kursine Rahwana
Njaga solah njaga bawa
Njaga raga nata busana
Abang-abang lambe!!!
Lunyu!!!

Regede wis numemplek ora mung golek gaplek
Ngerog susuh-susuh manuk Garuda
Supaya rontog, supaya mabur.
Buyar tata tinata jaman semana
Ulu-ulune padha digawa ngalor ngidul
Amburadul!!!

Reged-regede ayo digosok
Supaya ora mrambat dadi sambat
Digosok nganti ngorok
Dibilas nganti pitung ambalan
Supaya aman!!!

Surabaya, 05 Juni 2014

Sinau


Kertase wis lecek
Nyecep sari-sari kembang turi
Wernane endah ning rasane rada pait
Diurap karo parutan kelapa
Nduweni rasa

Kembange rada ngrembaka
Pancen ya angel olehe nggayuh
Merga dedege ra jejeg
Penting saiki ngisi suara manca

Ireng putihe werna donya
Wis tau liwat
Wis tau nyambat
Sambat-sesambatan jluntrung nang njero sarung
Tetep kabukak lan kawaca kumpulane kaweruh
Kaamalna lan katularna

Masia dondom-dondom nang kain sisa
Penting ana guna!

Surabaya, 04 Juni 2014

”Ajur”


  lambeku lambemu lambe bejat
lambe kang isane nyacat
lambe bejat lambene bangsat
donnya ajur merga lambe bejat
ajur, tawur, ngubur,  merga lambeku lambemu
Ajur”, ajur”, ajur saduluran iki merga rungonku rungonmu
Ora cocok karo omongku omongmu
Omongku omongmu ora padha karo apa sing ana ing atiku atimu
Ora eling apa sing diajarne agamaku agamamu
Ora eling apa sing diajarne ibuku ibumu
Ora eling apa sing diajarna guruku gurumu
Ora eling, nglali apa dilali-lali???
elinga, elinga
Urip iku mung sadelok
Aja dirusak ?
Rusak siji rusak kabeh
Mati siji mati kabeh
elinga, elinga
Yen ibumu nglairake awakmu
Kapingin nduwe anak kang sae lair lan batine
elinga, elinga
                        Panjebar.12 apr 10
Babatan, 23 peb 2010